Selasa, 19 Oktober 2010

MBAK NING OH MBAK NING

aku seneng cerito soal mbak ning,..
mbak ning sing sering tak gaweke status maning lan maning,..
mbak ning iku bakul klanthing,.
nek dodol nang pasar paing,..
tapi mau isuk tak delok mbak ning,...
nganggo rok lurik klambi kuning,..
tak sawang soko ngisor wit blimbing,..
mbak ning njengking karo milang miling,..
sajak bingung lan clilang cliling,..
tak takoni jebule kelangan anting,..
anting moto kuning jare sih kempling,..
olehe tuku soko pasar pahing sak wise dodol klanthing,..

sakno mbak ning,...ketoke muring muring,.
lengene dilinthing rokke di cincing
rinjing dicangking rodo di cengkiwing,.
karo nyibling nyibling,..
mbak ning oh mbak ning,..

tekan ngomah lungguh nang bale soko pring,..
menyang pawon golek piring,..
njupuk sego karo iwak garing,..
ora lali sambel lombok jempling,..
mbak ning isih rodo muring muring,.
nganti entek sego sepiring,..
mbak ning oh mbak ning,..

sio sio entukke dodol klanthing sak rinjing,..
mulih2 kelangan anting,...
oh mbak ning,..

SIDOARJO, 6 Februari 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar